GEGURITAN
THIWUL
Thiwul panganan khas wonogiri
Thiwul digawe seka tela pohong utawa tela kaspa
Thiwul dikenal minangka jajanan pasar
Thiwul digawe seka pohong kang di pepe nganti garing
Thiwul bisa di pangan nganggo lawuh jangan lombok ijo
Sega thiwul kulina digatukake karo kemelaratan
Thiwul uga dipercaya bisa nyegah lara magh
Sebab ing tlatah liya thiwul iku dadi panganan favorit
Aditya Noer E
BANJIR
Manusia raisa nyegah kekarepane
Buwang samp[ah turut kali tanpo gelem ngresiki
Setung guwang sampah sabendina
Nalika udan gede
Banyu mili ngebaki kali
Nanging sampah pada mampeti
Banyu kali kebak banjur mili mlebu omah
Mula saiki pada elingo
Ojo guwang sampah turut kali
Guyung rukun ngresiki kali
Supaya bisa indah lan asri
SEKOLAH
Sekolah yaiku tempat sinau bebarengan
Kumpul bareng kekanca dolanan
Wektu cilik susah seneng bareng neng kene
Nek wis gedhe kumpul reoni seneng banget
Wektu istirahat mangan lan dolan
Ing kelas sinau sregep lan uga maca
Kenangan iku akeh ning sekolah
Foto bareng kanggo album kenangan
Alif M Ramadhan
GURUKU
Pahlawan tanpa tanda jasa
Maturnuwun awakmu wis mulang aku
Aku dadi pinter nulis
Aku dadi pinter moco
Aku dadi semangat pengen mujudake cita-citaku
Awakmu tanpo nggersulo didik aku
Jasamu ora bakal tak lalekke
Matursuwun guruku
Aqila Putri R
CORONA
Seko wingi tekan saiki
Corona iseh melanda neng dunia iki
Dadine kegiatan kudu di batesi
Ben ora keno covid
Awak dhewe kudhu nerapke prokes 3M
Memakai masker
Menjaga jarak
Mencuci tangan
Aqiara Nicaila Aura N
Bantuni Ibu
Nalika isuk Bima lan Ibune lagi nyapu
Bima nyapu ing halaman ngarep omahe
Bima diceluk Ibune dhikon ibune tumbas sabun
Bima mlaku tumbas sabun ing warung sebelah omahe
Ibune takon karo Bima le... sabune endi
Bima langsung ngekekke sabunekaro ibune
Ibune ngomong karo Bima makasih yo le ...
Bima ngomong karo ibune sama-sama Ibu
Hafis Ardiansyah
BUKU
Buku..
Kowe iku sumber ilmu
Ning endi wae aku sinau lan maca
Buku ...
Kowe iku jendelane ilmu
Jendela tumuju panguripan kang luwih sukses
Tumuju panguripan kang luwih indah
Matur nuwun buku
Kowe ngancani aku
Awit cilik nganti gedhe
Gawe nggayuh cita-citaku
Armanda Rio
SIMBAH
Simbahku sing tak kangeni
Simbah kakung lan putri
Simbah kakung sing prakasa
Simbah putri sing nyamarake ati
Tentrem asri omah simbahku
Marakke ayem atiku
Ora nate ngalarni ati
Dongaku kanggi simbah kakung lan putri
Hamrmony Nadda Ulya
GUNUNG SING ADEM
Dina minggu ing gunung
Ndeloki bagaskara
Ndeloki wit-witan
Ndeloki caklawala
Adem lan sejuk neng kene
Wit-witane sing akeh
Ngerasake turu neng kene
Neng kene adem lan sejuk
Elycia Hawa Bening
BUKUKU
Buku...
Buku kui sumber ilmu
Nengendi wae aku maca buku
Kowe kui jendelane iulmu
Buku...
Kowe jendela tumuju kesuksesan
Maturnuwun buku
Kowe ngancani aku
Awit cilik nganti gede
Gawe ngayuh cita-citaku
Faezyla Putri Revaniea
SEKOLAH
Saben dina sinau diajari guru
Kudu sopan karo guru
Kudu ngormati guru
Mesti nggarap soal saka guru
Neng nek wes bel istirahat muni do jajan
Padha dolanan
Karo kancane dolanan engklek lan liya0liyane
Pas bel mulih wes muni padha budhal
Dipetuk bapak, ibu, mbakyu, lan mas
Sakdurunge mulih do salaman karo guru
Padha ngucapke salam lan maca dungo
Maritza Azkya Putri
SEKOLAH
Saben dina diajari guru
Kudu sopan karo guru
Kudu ngormati guru
Lan garap tugas saka guru
Murid padha ngrungoke penjelasan guru
Nek wis bel istirahat pada melu dolanan
Murid- murid kudu sregep sinau
Supaya banggake wong tua
Julieta Shafa Nayzira
ALAM
Ning alam akeh banget tandura-tanduran lan wit-witan
Ana kewan-kewan
Alam saiki asri banget
Tanduran -tanduran lan wit-witan akeh godong sing ijo
Kewan-kewan pada seneng
Iso mangan godong- godong sing isih seger
Akeh tanduran sing wis akeh kembang
Akeh kewan sing do peplayon
Atine pada bungah lan tentrem
Hassya Annafi Adzkiya
THIWUL
Thiwul panganan khas Gunung Kidul
Thiwul dikenal minangka jajanan pasar
Thiwul digawe soko tela kaspo utawa pohong
Ing jaman biyen thiwul dipangan kaya dene sega
Thiwul bisa dipangan nganggo lawuh jangan lombok ijo
Yen dipangan minangka panganan pokok
Thiwul uga gawe waras ing awak
Thiwul uga dipercaya bisa nyegah lara maag
Hadi Anwar Bugroho
SEKOLAH
Dadi murid kudu sregep sekolah
Lan sregep sinau
Kudu manut marang guru
Lan wong tuwaku
Supaya bisa dadi murid kang pinter
Supaya besuk gede bisa dadi pegawe
Reyvano Jusnanto
IBUKU IDOLAKU
Wekdal enjang
Pitik jago sami podo kluruk
Padange srengenge
Mancarake sinar saking wetan
Kula wungu badhe siram
Medal saking kamar
Wonten aroma sedep lan wangi
Pas saking arah dapur
Wonten mriku ketingal
Wonten juru masak paling handal
Masakane paling juara
Mboten wonten tandingane
Kula kepengen saged kados ibu
Ndamel macem-macem masakan
Roso ingkang enak lan sedep
Tansah damel kangen ati iki
Ibuku Idolaku
Ibuku Tuntunanku
Ibuku Rencangku
Tresno panjenengan marang kula tanpo batas
Fristiana Mahira F
PENSIL
Pensil...
Senenganmu lumaku ing duwure buku
Senengmu nari ing duwur buku
Senenganmu nyoreti buku
Pensil...
Kancamu iku buku
Gaweanmu nyoreti kancamu
Pensil digawe seko kayu
Exlesia Verena Dea Yovita
LUMPIA
Lumpia makanan khas Semarang
Lumpia digawe seka kulit lumpia
Banjur di isi sayur-sayuran
Lumpia enak dipangan karo lombok
Lumpia enak dipangan pas lagi anget
Lumpia kui enak banget dipangan
Kevin Irsyad P
IBU
Ibu sakjroning ngguyumu ono keselmu
Kerjo isuk anganti wengi tanpa ngeluh
Kuwi kabeh tansah kanggo keluargamu
Kabeh tok lakoni kanthi ikhlas
Ibu maturnuwun sanget
Sampun sabar anggone momong anak-anakmu
Mugi gusti tansah ngelindungi
Lan maringi kewarasan rejeki sing akeh
Daaris Arghany A
TANAH AIRKU INDONESIA
Indonesia negeri sing melimpah keindahane
Indonesia negeri sing kaya sumber daya alame
Tanah Airku Indonesia
Tak korbanke nyawaku kanggo Tanah Airku
Tak cintai Indonesiaku
Tanah Airku karo atiku wes ketali
ora iso di lepas meneh
Anugerah Ari F
(FOTO BELUM/ GEGURITAN ULANG)
Dzaky Raffa S
LINTANG
Wayah wengi lintang ana ing awang- awang
Nambai endah wengi iki
Sinarmu nambahi padang wengi iki
Kowe ono ing sekitar rembulan
Cacahmu ono akeh tenan
Marai ati ayem sing nyawang
Irel Ashka G
GUSTI
Gusti ...
Dalem namung tiyang kang lemah
Kang boten saged mlampah piyambak
Gusti ...
Dalem namung tiyang ingkang gampil gripil
Tansah kegoda kesenengan donya
Gusti ...
Hamung siji panyuwunku
Tuntun dalem wonten ing margi kang padhang Gusti
Dafa Wykta P.S
JAMAN SAIKI
Tangi turu ... HP
Arep turu ... HP
Mulih sekolah ... HP
Kapan ono wektu ... HP
Bocah saiki ora reti dolanan
Ora ngerti januran
Ora ngerti dakon
Wes ilang di mongso jaman
Dolanane game- gamean
Dolanane Youtubean
Ngguya- Ngguyu dewekan
Duh Gusti ojo nganti kedadean
Azam Januarta
PITKU
Pitku wernone ijo
Aku seneng dolan nganggo pitku
Pitku rodane loro
TK aku wis iso numpak pit
Aku ngepit karo konco-koncoku
Aku ngepit jam 7 isuk nganti jam 8
Pas dino minggu karo bapak lan ibuku
Pitku matur nuwun wes ngancani aku
Bakal tak jogo kowe sak lawase
Iqlima Aiko M
ADHIKU
Adhiku sing ragil jenenge Alvaro
Nggawe omah heboh
Salah sijine nggunting kasur busa
Ngguya-ngguyu pas ketemu mama
Bocahe usil nanging lucu
Yen dijiwit pipine mecuca- mecucu
Banjur mloya-mlayu
Aku sayang adhiku
Kartika Anindya R
SEKOLAH
Sekolah diwulang Bapak lan Ibu Guru
Sekolah golek ilmu lan sinau
Kudu sopan karo Bapak Ibu Guru
Dadi bocah kang mituhu
Sekolah...
Panggon golek ilmu
Bareng kanca-kancaku
Kanggo nggayuh cita-citaku
Kevin Putra H
KUCINGKU
Kucingku ...
Kowe kucing sing paling lucu
Kowe kucing sing nyenengake
Wulumu putih lan lembut
Polahmu marai aku guyu
Kucingku ...
Kowe tak wenehi jeneng si manis
Amarga kowe lucu lan manis
Kowe kesayanganku
Kowe dadi konco dolananku





.jpeg)




















Tidak ada komentar:
Posting Komentar